Ad Code

Responsive Advertisement

Ticker

6/recent/ticker-posts

CERITA SEMAR, GARENG, LAN BAGONG

Ilustrasi

Mari tertawa! 

 

Semar, Gareng, lan Bagong dolan neng Jakarta tilik petruk.
Wong telu kuwi nginep neng Hotel JW Marriot kamar sing tingkat 45.


Awan nganti bengi wong telu dolan neng mall, pas balik hotel, tekan Lobby listrike mati dadi kudu lewat tangga.


Ben ora krasa olehe munggah wong telu bagi tugas. Seka tingkat 1-15, Semar kudu crita sing lucu2,
njur seka tingkat 16-30, Gareng kudu crita sing medeni, njur seka tingkat 31- 45, Bagong kudu crita sing sedih-sedih.


Wong telu mulai munggah, Semar mulai crito lucu2, wong telu ngguyu2 ora krasa wis tekan tingkat 15.


Banjur Gareng crita sing medeni marai tegang, ngerti2 wong telu wis tekan tingkat 30.

Giliran Bagong kudu crita. Bagong (ekspresi rupa sedih) : "Iki ceritane sedih buanget... Aku sakjane awit mau arep crita, tapi wedi nek marai jengkel."


Semar : "Crita-a wae cepet, ra papa wis meh tekan tingkat 40!"


Bagong : "Ngene lho... Kunci kamare ketinggalan neng mobil..."


Gareng : "Bagooooooooong... Ngapa ra crita kawit mau?"


Bagong : "Lha aku durung entuk giliran crita !!!


Njur Bagong lan Gareng mudhun maneh meh njupuk kunci kamar. Semar gandheng wis tuwa ora melu.



Tekan ngisor parkiran ngarep mobil Gareng ngomong : "Gong, aku ana crita horor ki.."


Bagong :"Horor piye Reng?"


Gareng : "Kunci mobile digawa Semar..."


lemes


Post a Comment

0 Comments